ANGGE-ANGGE ORONG-ORONG
Eva & Uncex
Netes banyune moto – aku nangis ketiban ondho
Rondho tak kiro prawan – bareng tak kawin anake sak kandang
Pancen aku wis rondho – rondho tuwo anakku limo
Nanging aku sik biso – diwolak-walik koyo nggoreng telo
Sapi manak larang regane mas
Anak limo bedo bapake
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Entuk rondho randhane ompong – duwe anak sakgedhe kingkong
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Anak limo akeh mangane – penting mboke akeh tirakate
Eling jaman semono – wayah kawin nanggap bal-balan
Tamune rame tenan – nganti sing ndelok akeh sing pingsan
Amplope akeh tenan – entuk dhuwik karung-karungan
Wong sing podho kondhangan – nganti akeh sing podho kelangan
Prawan rondho – podho wae mas
Nadyan rondho penak rasane
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Entuk rondho anake limo – ngumpul bareng turu neng kloso
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Tuku pitik karo anake – kabeh kuwi dadi resikone
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Entuk rondho randhane ompong – duwe anak sakgedhe kingkong
Angge-angge orong-orong ora melok nggawe melok momong
Anak limo akeh mangane – penting mboke akeh tirakate.
Video Eva di Youtube


Recent Comments